Kumpulan Tugas Sekolah Terbaru Terlengkap dan Update Terkini

Rabu, 24 September 2014

Wawancara Bahasa Jawa Singkat

Wawancara Bahasa Jawa Singkat

Tema : Lingkungan
Narasumber : Sangkrah Mudjiono, S.Pd
Pewawancara : Cinta Cahyaningtyas

Cinta :”Sugeng enjing Pak”
Pak Bokir : “Sugeng enjing”
Cinta :”Nyuwun pangapunten Pak, kula wonten ing mriki kepingin tanglet perkembanganipun pelajaran PLH ing SMPN 1 Jetis”
Pak Bokir :” Ya nduk”
Cinta :”Kala menapa SMPN 1 Jetis ngawontenaken pelajaran PLH?”
P. Mudjiono :”Pelajaran PLH ing SMPN 1 Jetis dilaksanakaken mulai tahun
ajaran 2009/2010 nganti saiki”
Cinta :”Menapa tujuanipun siswa diwucal PLH?”
P. Mudjiono :”Tujuane supaya siswa anggadahi kesadaran nglestarekaken lingkungane lan biasa urip sehat”
Cinta :”Punapa siswa kelas 8 punika diwucal PLH, rumiyin namung kelas 7 ingkang diwucal PLH?”
P. Mudjiono :”Supaya pelajara PLH bisa enek paedahe, para siswa bisa nglaksanakaken ing griyanipun ”
Cinta :”Pripun menawi siswa mbucal sampah mboten ing panggenan ingkang kasediakaken?”
P. Mudjiono :”Yen siswa mboten mbucal sampah ing panggonane, oleh pikantuk pelanggaran”
Cinta :”SMPN 1 Jetis menika kalebet SMP Adiwiyata se-Kabupaten Ponorogo, ananging taksih kathah siswa ingkang mboten peduli kaleh lingkungan. Menapa pendapatipun bapak?”
P. Mudjiono :”Ngrubah prilaku bocah iku ora sekaligus, ananging enek tahapane mulai saka kebiasaan nganti dadi prilaku. ”
Cinta :”Minurut kula, sakniki kathah tanduran ingkang mati amarga diideki bocah, menapa pendapatipun bapaak bab masalah iki?”
P. Mudjiono :”Iku masalah kesadaran bocah – bocah marang tanduran isih kurang”
Cinta :”Napa mawon upaya sekolah, supados siswa – siswa peduli kaleh lingkunganipun?”
P. Mudjiono :”Ngadakaken sosialaisasi lewat pembina upacara saben senin isuk, lewat poster, lukisan ing tembok, lsp”
Cinta :”Pak, menapa SMPN 1 Jetis punika taksih nggunakaken AC, sejatosipun AC punika saget ngrusak ozon?”
P. Mudjiono :”Bener, AC iku ana sing nganggo CFC lan ora nganggo CFC, sing dilarang iku AC sing nggunakake CFC”
Cinta :”Terakhir, punapa pesanipun bapak dhateng siswa – siswi SMPN 1 Jetis perkawis lingkungan? ”
P. Mudjiono :”Nglestarekake lingkungan iku kanggo anak cucu kita, dadi saiki bertindak, iku manfaate kanggo anak cucu kita”

Wawancara Bahasa Jawa Singkat Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Arbo

0 komentar:

Posting Komentar