Cerita Cekak Boso Jowo dengan judul Ora Kagodha akan menjadi posting tugas pertama saya di blog kumpulan tugas sekolah ini.
Dina kuwi isih jam sepuluhan nanging panase wis krasa sumelet. Karo methangkrong neng ndhuwur becake, bola-bali Durasim ngelapi raine sing gemrobyos nganggo andhuk cilik kang dikalungake gulu. Durasim ajeg mangkal neng prapatan ringin kembar. Diarani prapatan ringin kembar merga ing kiwa tengene prapatan pancen thinukulan wit ringin kang padha gedhene. Durasim banjur ngetokake udud klobot saka sak clanane. Sakwise disumed dheweke ngematake anggone ududan sinambi ngenteni tekane penumpang. Rokok sakler sing disedhot wis meh entek naging penumpang sing diarep-arep blas durung ana sing kemliwer. Kamangka biyasane yahmono kuwi dheweke paling ora wis narik pindho.
”Man, iki dina apa ta?” pitakone Durasim marang Suliman, kancane becakan sing uga mangkal ana kono.
”Genah dina Slasa ngene kok, pikun pa piye kowe kuwi,” semaure Suliman karo mijet ban becake ngarep mburi.
“Gak ngono, kok penumpange sepi men? Apa kira-kira pas dina apese awake dhewe?” ujare Durasim karo ngguwang rokok sing kari tegesan. “Nek ngene iki penak dadi pegawe negri ya, nyambut gawene alus mben wulan enek sing dijagakne,” panggresahe Durasim.
“Menungsa mono sawang sinawang, Kang. Kaya dene gunung kae yen disawang saka kadohan katon endah. Ning bareng dicedhaki jebul kebak watu-watu padhas lan ri bebondhotan. Kok kira para pegawe negri iku gak sambat? Awake dhewe iki ibarat padasan, yen diiseni banyu kebak mancure iya banter. Semono uga nek kari setengah utawa meh asat mancure ya alon.”
”Ya ana benere omonganmu”.
“Mulane gak usah nggresula. Pegawe negri mono biyene sekolah dhuwur lan ngentekake ragad akeh. Wis sakmesthine yen tembene nyambut gawe kepenak, bayarane gedhe. Lha nek aku karo kowe sekolah wae mung trima lulusan SD, mulane nyambut gawene ya nganggo okol. Ning sing penting khalal lan tansah diparingi seger kuwarasan. Najan kaya ngene asile isih bisa kanggo nguripi anak bojo.”
“Becak, Pak!”
Durung nganti Durasim nganggapi omongane Suliman, kesaru tekane wanita umur-umuran likuran taun celuk-celuk arep numpak becak. Durasim lan Suliman gageyan menyat saka lungguhe banjur nata becake.
”Aku apa awakmu sing narik,” pitakone Durasim.
“Kowe dhisik ora papa, Kang. Mengko nek eneng penumpang maneh giliranku,” kandhane Suliman.
Durasim banjur nginger becakake lan dipapanake ana sangarepe wanita mau.
“Badhe tindak pundi, mbak?” pitakone kanthi unggah-ungguh alus.
“Terminal, Pak. Pinten ongkose?”
“Biyasa mbak, pitung ewu.”
“Nggih pun, mangga nek ngaten,” wangsulane kenya kuwi banjur nata bokonge sing katon montog neng ndhuwur becak. Ganda wangi parfum nyegrak irunge Durasim. Yen nyawang sragame putih-putih, penumpange kuwi cetha sawijining pegawai kesehatan. Rodha becak ngglindhing lon-lonan tumuju arah terminal. Swarane gumerit kriyet-kriyet, kala-kala pating glodhag uger bane ngambah jeglongan.
Karo mancal becake, sadalan-dalan Durasim nggagas uripe sing tansaya suwe dirasa tansaya abot. Kaya-kaya ajine dhuwit saka anggone mbecak ora mbejaji yen dibandhingake undhak-undhakan rega kebutuhan. Kebutuhane saya akeh, nanging reregan saya nekak gulu. Wis ngono penumpange saya sepi sebab wong-wong wiwit padha wegah numpak becak lan pilih kredit sepedha motor.
“Kendel sekedhap, Pak!” abane kenya kuwi karo mlengak memburi menehi kodhe supaya mandheg. Durasim agahan ngerim becake.
“Enten napa, Mbak? “
”Kula tak mampir dhateng supermarket sekedhap, njenengan tengga. Mangke ongkose kula tambahi.”
Kenya manis mau banjur mlebu super market. Sinambi ngenteni penumpange, panyawange Durasim tumuju wong-wong sing mlebu metu super market. Wong-wong mau padha nggawa blanja mbrengkut. Sandhang penganggone resik tur necis, ora kaya bojone sing lagi ana omah. Aja maneh kok diajak blanja menyang super market, sedhenge blanja neng toko pracangan wae bojone asring utang. Saploke bebojowan Durasim rumangsa durung bisa mulyakake sing wadon. Tujune bojone kuwi klebu wanita sing nrima lan gelem diajak urip sengsara.
Dumadakan Durasim weruh dhompet warna ireng gumlethak ana ngisor becake. Kanthi gurawalan dhompet dijupuk. Sawise diiling-ilingi sedhela, tanpa dibukak dhompet banjur dilebokane kothak dicampur karo peralatan becak. Pikirane malih semrawut. Yen isine dhompet mau dhuwit terus arep diwenehake sapa wong dheweke ora ngerti sing duwe. Upama diwenehake satpam gek-gek malah ora bali marang sing duwe merga jaman akeh uwong sing ora kena dipercaya. Durung mari anggone nglimbang-nglimbang, penumpang sing dienteni mara karo nyangking blanja rong kardhus.
“Ngapunten Pak, radi dangu,” ujare kenya mau karo mapanake kardhus ing pangkone.
“Mboten dados menapa, Mbak.”
Pedhal becak dipancal ninggalake plataran super market tumuju terminal. Ning sadalan-dalan Durasim mikir dhompet sing lagi wae ditemu. Upama bener ana dhuwite terus arep dibalekake marang sapa? Apa digawa mulih wae, sebab dheweke lagi butuh dhuwit kanggo nyaur utang lan ngobatake anake sing nandhang lara. Rasa kesel lan sumelete srengenge ora dirasakake. Pikirane mung ketuju marang dhompet. Durasim nggenjot becake daya-daya tekan terminal sebab selak ora sranta kepengin ngerteni isine dhompet mau.
Sawise ngudhunake penumpange ana terminal, becak banjur diputer menyang panggonan sepi. Tekan gang-gangan ngisore wit mahoni dheweke mandheg. Tangane ngrogoh dhompet sing disimpen ana kothak. Kanthi tangan gemeter alon-alon dhompet dibukak. Durasim sumlengeren bareng weruh yen isine dhompet iku jebul dhuwit bendhelan rong yuta. Dheweke bingung awit ya lagi kuwi sak umur-umure nyekel dhuwit semono akehe.
Tuwuh pikirane sing ora-ora. Kelingan tanggane sing uga tau nemu dhuwit yutan. Dhuwit temon kuwi banjur kanggo mangan lan nyandhangi anak bojone. Sisane kanggo ngrehab omah. Nanging sawise kuwi kulawargane genti-genten kena musibah. Ngelingi kuwi kabeh Durasim sing sekawit kepingin ngepek dhuwit nang njero dhompet mau banjur dadi kendho. Karo maneh dhuwit kuwi dudu hake lan kudu dibalekake marang sing duwe. Ning banjur piye carane mbalekake?
Tangane Durasim banjur ngrogohi slempitan dhompet kang isi SIM, STNK, ATM lan kertu tandha anggota (KTA) bidhan. Dheweke saya kaget sakwise namatake foto KTA. Durasim durung lali, foto kuwi fotone kenya sing mentas diterake. Jenenge Ayu Ariyanti, alamate ing Rembang. Durasim bali lenger-lenger. Anggone niyat mbalekake dhompet dadi mangu-mangu awit Rembang mono adoh saka omahe ing Bojonegoro. Mokal yen dheweke bakal ngeterake dhompet mau menyang Rembang. Ning Durasim ayem bareng diwaca maneh jebule ing KTA ana nomer telpun omahe Ayu.
Karo unjal ambegan landhung, Durasim bali nggenjot becake, nrobos panase kutha mecaki panguripan sing nyamut-nyamut. Durasim, senajan jamane wis edan nanging emoh melu ngedan.
Sumber: Cerita cekak boso jowo.
0 komentar:
Posting Komentar